Lirik Lagu Shinta Arsinta - Raiso Dadi Siji feat David
Lirik Lagu / Lyrics
Shinta Arsinta feat David
"Raiso Dadi Siji"
Aku tresno ro kowe
Tresno seng sak tenane
Kabeh wes tak kek'ke ro kowe
Atine.
Senajan aku wes nduwe
Bojo seng sak tenane
Nanging aku tresnone yo mung ro kowe.
Roso ati ra tenang mikirke selingkuhan
Tansah tak awang2 mabur koyo layangan
Padahal bojo neng omah
Mikirke dadi susah
Opo seng kudu dilakoni
Aku bingung sendiri.
Pancen tak akoni
Tresnoku setengah mati
Tapi aku ra wani
Ngingkari janji suci
Mungkin kowe udu jodoku
Tapi aku sayang padamu
Jujur seko jero atiku.
Sayang aku ikhlas trimo dadi seng keloro
Nadyan abot roso tresno seng tak songgoooo.
Sabar sak untoro sayang
Aku yo wes berjuang
Ndadekke ngimpi tenanan.
Mugo kabeh iso lancar
Buang kabeh kenangan
Ikhlas lan sabar sayang.
Cincin wes ngelingker neng jari manisku
Janji yo wes tak ucap neng ngarep penghulu
Saiki yo uwes telat arep ngomongke cidro
Aku mong ameh ndungo kowe iso bahagio.
Senajan setatusku saiki ora dewe
Tapi ojo nganti leren tresnaku karo kowe
Mugo2 kabeh dikei dalan supoyo dadi padang
Anggone awak dewe lek gendak'an.
Sayang aku ikhlas trimo dadi seng keloro
Nadyan abot roso tresno seng tak songgoooo.
Sabar sak untoro sayang
Aku yo wes berjuang
Ndadekke ngimpi tenanan.
Mugo kabeh iso lancar
Buang kabeh kenangan
Ikhlas lan sabar sayang.
Aku mung iso nerimo
Kowe gone wong liyo
Tresno raiso dipeksano.
Aku tetep sayang kowe
Tekane sak lawase
Aku bahagia nyawang kowe.
Tanganku wes ono cincin
Janji setio lan suci
Aku raiso nepati.
Kowe pancen tak tresnani
Biyen tekan saiki
Tapi raiso dadi siji
Tapi raiso dadi siji.
MUSIC VIDEO Shinta Arsinta feat David - Raiso Dadi Siji