Lirik Lagu Eny Sagita feat Happy Asmara - Sotya


Lirik Lagu
Eny Sagita feat Happy Asmara - Sotya

Iki tulising kidungku
kanggo siro hapsarining kalbu
Eseme kang manis madu
Dasar bagus parasmu kang tanpo layu.

Kangmas sesotyaning ati
Yo mung ndiko kang sawiji
Langit bumi kang hanyekseni
Nalikane ngucap janji ono lathi.

Yo mung siji sesotyaku
Memanikku mung kangmas wong bagus
Panyuwunku mugo kangmas
Ora lali marang janji setiamu.

Nanging kabeh kuwi muspro
Eling kalamun pupusing tresno
Wes tak cubo nglalekke sliramu
Nanging tak lali lali tan biso lali.

Iki tulising kidungku
Kanggo siro hapsarining kalbu
Eseme kang manis madu
Dasar bagus parasmu kang tanpo layu.

Kangmas sesotyaning ati
Yo mung ndiko kang sawiji
Langit bumi kang hanyekseni
Nalikane ngucap janji ono lathi.

Yo mung siji sesotyaku
Memanikku mung kangmas wong bagus
Panyuwunku mugo kangmas
Ora lali marang janji setiamu.

Nanging kabeh kuwi muspro
Eling kalamun pupusing tresno
Wes tak cubo nglalekke sliramu
Nanging tak lali lali tan biso lali
Nanging tak lali lali tan biso lali.

MUSIC VIDEO Eny Sagita feat Happy Asmara - Sotya

Popular posts from this blog